Saturday, 29 August 2015

ARANE KEMBANG

1. Kembang Aren diarani Dangu
2. Kembang blimbing diarani Maya
3. Kembang blutru diarani montro
4. Kembang cengkeh diaran polong
5. Kembang cubung diarani torong
6. Kembang dhadap diarani celung
7. Kembang duren diarani dlongop
8. Kembang Ganyong diarani puspanyindra
9. Kembang garut diarani grameng
10. Kembang gebang diarani krandhing
11. kembang  gedang diarani ontong (tuntut)
12. kembang gembili diarani seneng
13. kembang jagung diarani sinuwun (jeprak0
14. kembang jambe diarani mayang
15. kembang jambu diarani karuk
16. kembang jarak diarani juwis
17. kembang jati diarani janggleng
18. kembang jengkol diarani kecuwis
19. kembang kacang diarani besengut (bundhel)
20. kembang kanthil diarani gadhing
21. kembang kapas diarani kadi
22. kembang kara diarani kepek
23. kembang kelor diarani limaran
24. kembang kecipir diarani cethethet
25. kembang kemlandhingan diarani jedhidhing
26. kembang kencur diarani sedhet
27. kembang  tales (kimpul) diarani pancal
28. kembang kluweh diarani onthel
29. kopi diarani blanggreng
30. kembang krambil diarani manggar
31. kembang krokot diarani naknik
32. kembang lamtara diarani jedhidhing
33. kembang lombok diarani menik
34. kembang mlinjo (so) diarani uceng (kroto)
35. kembang nongko diarani angkup
36. kembang nipah diarani dongong
37. kembang pandan diarani pudhak
38. kembang pace diarani nyrewenteh
39. kembang pete diarani pendul
40. kembang pohong diarani ingklik
41. kembang pring diarani krosak
42. kembang randhu diarani karuk
43. kembang salak diarani ketheker
44. kembang suruh diarani drenges
45. kembang tebu diarani glagah
46. kembang timun diarani montro
47. kembang widara puteh diarani rajasa


No comments:

Post a Comment