Sunday, 30 August 2015

arane gendhing-gendhing

1. gendhing clunthang
2.gendhing gilang
3. gendhing gonjon iring
4. gendhing grompol
5. gendhing pangkur

TEMBUNG PLUTAN

1. abot dadi bot
2. amrih dadi mrih
3. amung dadi mung
4. awit dadi wit
5. awor dadi wor

NEGESI TEMBUNG

1. agung : gedhe
2. agung banyune : akeh lan kebak
3. ngegungake : ngandel-ngandelke
4. tawon gung : arane tawon
5. priyagung ; priyayi gedhe

RURA BASA

1. Adang sego : adang beras supayane dadi sega
2. kelan lodheh : nggodok jangan supaya dadi sayur lodeh
3. mbathik iket : mbathik mori supayane dadi iket
4. menek jeruk : menek wet jeruk

DASANAMA

1. abang : abrit, mbranang, dadu,jingga, merah, rekta
2. alas ; jenggala, wana, wanadri
3. anak : atmaja, putra, siwi, sunu, suta, tanaya, weka, yoga
4. angin : bayu, braja, maruta, pawana, riwut, samirana, sindhung

Tembung Entar

1. Abang kupinge : nesu
2. abang-abang lambe : lamis, ora temenan
3. abot sanggane : rekasa
4. adol bagus (ayu) : pamer bagus (ayu)
5. adol gawe : ngatonake gaweyane

KARTABASA

1. anak  ; kerep apa-apa kudu ana lan enak
2. Bapak : bab apa-apa pepak
3. Batur : embat-embataning tutor
4. bocah : mangane kaya kebo, gaweane ora kecacah
5. brekat : mak brek diangkat

ARANE ISI

1. Isi asem diarani klungsu
2. isi ciper diarani boor
3. isi duren diaran pongge

PEWAYANGAN

1. Begawan Abiyasa : Pertapan Saptaarga
2. Begawan Anoman ; Pertapan Kendhaiisada
3. Begawan Padmanaba ; Pertapan Argosonya
4. Begawan Ciptahening : Pertapan Mintaraga

Saturday, 29 August 2015

CANGKRIMAN

1. Cangkriman Wancah
- Pak boletus  : tepak kebi lelene satus
- Buranas kopen : bubur panas kokopen
- pindhang kileng : sapi neng kandang, kaki mentheleng

Tembung Rangkep

Tembung rangkep yaiku sakabehing tembung seng diwici kapeng pindho, bisa skabehing tembung utawa mung sakwanda wae. Tembung rangkep (kata ulang)bana telung warna, yaiku:
a. Tembung dwilinggo, yaiku tembung-tembung sing diwaa kapeng pindho kabeh linggane.
          1) dwilinggo padha swara :
              - mloka-mlaku
              - bapak-bapak
              - bocah-bocah
          2) dwilinggo salin swara :
              - mloka-mlaku
              - mrana-mrene
              - wira-wiri
          3) dwilinggo seu
              - ondhe-ondhe
              - untir-untir
              - andheng-andheng
b. Tempung dwipurwo, yaiku tembung-tembung sing diwaca kapeng pindo mung wanda seng ngarep.
      - dedunung
      - lelumpuk
     - jejupuk
c. tembung dwiwasana, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindo mung wanda sing mburi.
   - cekakak
   - cekikik
   - cengingis
 

Tembung Linggo

Tembung linggo yaiku tembung seng durung owah saka asale. Tembug linggo sek unine mug sakecapan diarane tembung wod.
Tuladha tembung lingga: adus, turu, tuku, tandur,lsp.
Tuladha tembung wod: ler, lur, tul, tik, lsp

sebutane bocah

1. ontang anting  : anak siji lanang
2. unting - unting : anak siji wadon
3. uger-uger lawang : anak loro laang kabeh
4. kembang sepasang : anak loro wadon kabeh
5. cukit dulit : anak telu lanang kabeh
6. gotong mayit : anak telu wadon kabeh
7. saramba : anak papat lanang kabeh
8. sarimpi : anak papat wadon kabeh
9. pandhawa : anak lima lanang kabeh
10. pancegati : anak lima wadon kabeh
11. kedhono-kedhini : anak loro lanang wadon
12. sendhang kapit pacuran : anak telu; lanang-wadon-lanang
13. pancuran kapit sendhang : anak telu; wadon-lanang-wadon
14. keblat papat : anak papat lanang wadon
15. padangan : anak limo wadon siji
16. ipil-ipil : anak limo lanang siji
17. kembar: anak loro laer bareng
18. kembar gantung: anak kembar laire sedino
19. dhampit : anak loro lanang wadon, laire bareng
20. gilir kacang : anake giliran lanang wadon


ARANE KEMBANG

1. Kembang Aren diarani Dangu
2. Kembang blimbing diarani Maya
3. Kembang blutru diarani montro
4. Kembang cengkeh diaran polong
5. Kembang cubung diarani torong
6. Kembang dhadap diarani celung
7. Kembang duren diarani dlongop
8. Kembang Ganyong diarani puspanyindra
9. Kembang garut diarani grameng
10. Kembang gebang diarani krandhing
11. kembang  gedang diarani ontong (tuntut)
12. kembang gembili diarani seneng
13. kembang jagung diarani sinuwun (jeprak0
14. kembang jambe diarani mayang
15. kembang jambu diarani karuk
16. kembang jarak diarani juwis
17. kembang jati diarani janggleng
18. kembang jengkol diarani kecuwis
19. kembang kacang diarani besengut (bundhel)
20. kembang kanthil diarani gadhing
21. kembang kapas diarani kadi
22. kembang kara diarani kepek
23. kembang kelor diarani limaran
24. kembang kecipir diarani cethethet
25. kembang kemlandhingan diarani jedhidhing
26. kembang kencur diarani sedhet
27. kembang  tales (kimpul) diarani pancal
28. kembang kluweh diarani onthel
29. kopi diarani blanggreng
30. kembang krambil diarani manggar
31. kembang krokot diarani naknik
32. kembang lamtara diarani jedhidhing
33. kembang lombok diarani menik
34. kembang mlinjo (so) diarani uceng (kroto)
35. kembang nongko diarani angkup
36. kembang nipah diarani dongong
37. kembang pandan diarani pudhak
38. kembang pace diarani nyrewenteh
39. kembang pete diarani pendul
40. kembang pohong diarani ingklik
41. kembang pring diarani krosak
42. kembang randhu diarani karuk
43. kembang salak diarani ketheker
44. kembang suruh diarani drenges
45. kembang tebu diarani glagah
46. kembang timun diarani montro
47. kembang widara puteh diarani rajasa